Ora Kroso Urip kok cepete koyo ngene,
jeh kelingan kae wayah sekolah putih abang, angger esuk mesti mangkate mlaku karo kancane, kuatir telat kadang luwih esuk raketan di arani meh mbukak'i lawang.
sekolah kumpul konco seneng-seneng wedi
mergane durung pati ndolor, 6 tahun mak wush koyo angin cepete ra meneni, ujug-ujug piknik trus lulus, ganti nganggo celno biru, 3 tahun ning SMP dadi nambahi pengalaman, nduweni konco soko njobo ndeso, pelajarane yio tambah angel, tapi akhire lulus, ngelingi golek kerjo susah, kudune iso nutokno, aku milih STM ngge jogo-jogo nek ora iso entuk gawean nek menawane iso mbukak bengkel tah opo.
ben mbayare tansoyo larang, Alhamdulillah ijeh nduwe wong tuwo sing mbiayai.
sekolah 9 tahun, nyesele ning mburi, geneo kok ora pati tenanan, iseh seneng hra-hura, ngapusi guru ura melu praktek malah njajan ning warung.
saiki wis gede, Alhamdulillah di wenehi penggean rakitan iseh rodo angel, tapi tetep tak syukuri, wong tuo kari siji kudu di eman-eman ben ora pikiran. piye carane mbungahno atine wong tuo, yoiku sregep ibadah lan nyambut gawe.
piye-piyelah wis kedarung koyo ngene, kabeh mou wis tak pasrahke Gusti Allah, percoyo ono dalan sing paling apik,
ngelingi konco-konco seperjuangan wis akeh sing podo kawinan, ono sing wis gede-gede anake, geneo aku lamaran wae durung, yo wislah rak opo-opo, menawane mengko ono dhewe dinane,,
ora kroso wis semene gedene,,
reti koyo ngene pengen mbalik ring mongso semono,,
tapi ora oleh keno ngono, sing wis kelakon piye meneh kudu di lakoni.
penting usaha karo ndongo.